Popular Post

Popular Posts

Senin, 21 Agustus 2017

SAK PANAS PA ASE NEROKO ISIH PANAS GODAANE RONDO LUR?OPO IYO
SAK PANAS PA ASE NEROKO ISIH PANAS GODAANE RONDO LUR?OPO IYO
priwe kabare apik bae ya?
mumet mikiri wadonan terus.
Nyong sih wonge kepenakan. Udu pacare tapi gelem bareng ya kepenak bae. Ora maksa ikih.
Jomblo kuwe kudu kreatif, senajan ora duwe pacar tetep bisa malem mingguan. #karopacarewong
Tenang bae, kabeh mau ana wektune. Tapi ya mbuh kapan.
Nyong anane kaya kiye, nek koe ora trima ya nganah nggolet liane bae. #sikap#sokpayu
Arep diomongna apa maning. Dewek ora bakal dadi siji. Koe neng kana nyong neng kene, snajan atiku milih koe..
Udu pacare sering bareng, karo pacare malah ora tau bareng. Yakayakuwelah.
Sing sesuai karo kriteria kuwe akeh, sing gelem kuwe sing ora ana. #JombloKuweSederhana
Nek apa apane gampang, menungsa ora tau sinau.
Gantenge secukupe bae lah, kelewihen mbok malik dadi srigala.
Sing apik raine lan apik atine kuwe ana. Ana sing duwe.
Cah wadon bar di puji tambah langsing, mangane malah tambah akeh.
Awale sok jual mahal. Langka sing gelem, ora payu akhire di obral. #sewutelu
Mbukak sms isine mung sekang operator tok. Dear operator, koe perhatian temen karo nyong? Mbojo bae yuh..
Bukane ora duwe pacar, mung lagi ora kepengin pacaran bae.
Neng dunya kiye akeh wong ayu, tapi koe sing paling ayu neng atiku.. #eaaa (soale koe tok sing gelem karo nyong)
Dina jemuah semoga nggawa berkah, ilang susah ati bungah.
Jenenge wong urip ya mesti ana masalah, wong wis ora urip bae masalahe cokan urung rampung.
Selingkuh sih ora, mung lagi betah karo sing lewih perhatian bae.
Tresna kuwe dibuktikna, ora mung di ucapna.
Sing penting koe bahagia.. Tapi karo nyong, udu karo wong lia.
Wong wadon nek lagi mutung kuwe pelampiasane meng panganan. Mangane akeh, lemu ora urusan.
Urusi disit uripmu sing bener, tembe ngurusi wong lia.
Nerima apa anane kuwe aja mung neng lambe.
Ketemu kuwe nggo ngobrol, nek ketemu tapi dolanan hape dewek2 mending turu bae.. *banting hp* *tutur maning* *eman2*
Mulane nek duwe pacar di urusi, aja di anggurna. Kecantol wong lia tembe ngrasakna.. #kawus
Pacarmu ora perhatian, trus koe njaluk tulung karo nyong, tek tulungi. Eh koe malah dadi seneng karo nyong. Salah?!
Olahraga kuwe penting, contohe joging. Sapa ngerti ketemu jodohe. #modus
Wis jam semene bae nyong esih mikirna koe, kurang apa maning jajal, kurang apa??
Manusia setengah baya kuwe maksude mahluk separo wong separo baya?! #medeni
Cieee sing arep malem mingguan neng ngumah bae tapi wis rapi.. #mubah
Jere sih, nyong kuwe ganteng. Tapi sayang jarang warase. | Lah, genah gemblunge kuwe sing marai ganteng.. #bangga
Sing sering nikung pacare wong kudune di hukum berat. Kena pasal penghilangan jodoh secara paksa.
Kos kosan kuwe panggonan sing paling irit nggo pacaran. Murah meriah, wedang bening segendul bae cukup. #tipsDaplun
LDR kuwe ya kaya pacaran karo medi, langka wujude.
kabeh tugas kuwe gampang, nek ora usah di garap.
Hawane panas pisan.. Rasane kaya krungu kabar mantan mbojo.. *nyemplung kedung*
Esuk esuk kuwe mikire sing apik apik bae ben tentrem atine. Nek mikire elek terus, kapan bahagiane?!

Leave a Reply

bebas berkomentar asal sopan

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © -------------------------- - CAH GEDAD KAMPOENG KIDUL - Powered by BERITA GRATIS TERBARU - BUATAN MAS WARDI CAH GEDAD MANGIN LO!!! -