Popular Post

Popular Posts

Senin, 21 Agustus 2017

Nyang-nyangan Rego Becak
Kumpulane WONG JOWO Tengah
29 Juni
Nyang-nyangan Rego Becak
Ceritane mbah putri bar blonjo neng pasar Beringharjo, mulihe pengin numpak becak. Nyang-nyangan karo tukang becake.
Simbah: "Pak, 5.000,- purun nggih ?".
Tukang becak: "Oh dereng saget, 10.000 mawon mbah.."
Simbah : "Emoh ah, 5.000 wae to...!!! Mengko tak duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yoo..."
Tukang becak: "Mboten saget mbah... Nek 10.000 nggih kulo purun.."
Mangkel mergo tukang becake ra gelem ngedukke rego, akhire simbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak.
Simbah ngedumel: "Nggih pun, tak bayar 10.000.!!"
Pas neng dalan...
Tukang becak: "Mandap pundhi, mbah?"
Simbah: (Meneng wae...)
Tukang becak: "Lha niki mandap pundi, mbah...???"
Simbah: "Kan wes tak omongi dek mau... Nek 5.000 mengko tak duduhi dalane... Ning nek 10.000 yo ora tak kandani omahku ngendi, GOLEKONO DEWE...!!!"
like share sumber (kumpulan wong jowo tengah)

Leave a Reply

bebas berkomentar asal sopan

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © -------------------------- - CAH GEDAD KAMPOENG KIDUL - Powered by BERITA GRATIS TERBARU - BUATAN MAS WARDI CAH GEDAD MANGIN LO!!! -